Halaman ini tervalidasi
- nira Ki Ageng Pengging.
- Poma padha aja na nglawan ing yuda,
den teteg ywa gumingsir,
eca lumakuwa,
sabat matur sandika,
semana sampun lumaris,
gantya kocapa,
kang kantun aneng Pengging.
- Rubiyahnya Kiyageng nata segah,
pan wus sumekta sami,
genya olah-olah,
arsa atur uninga,
ing raka lumebeng puri,
sapraptanira,
ing jrambah-kobong nuli.
- Nganti-anti pangandikane kang raka,
dangu tan walang sisik,
tinutup gubahnya,
Rubiyah grahiteng tyas,
seksana gubah winingkis,
tamu tan ana,
kang raka pan gumuling.
- Ni Rubiyah gupuh manambuting raka,
semana wus ngemasi,
anjrit tebah jaja,
karuna ngaruhara,
geger kulawangsa Pengging,
estri lan priya,
alok kalebon sandi.
- Wusnya kumpul sakathahe kulawarga,
pra samya andum kardi,
nyaeni kang seda,
345